Rabu, 13 Januari 2010

URIP IKU ANA KANG NGURIPI

URIP IKU ANA KANG NGURIPI

YA KHAYU, YA KHAYUMU
URIP IKU ANA KANG NGURIPI
Duh yayi ingkang ka-ebekan kalimput ing kasenengan. Mugi kapiyarsakna atur kula sejatosipun duk nalika Ibu anggarbini lajeng sapunika dumugi lekipun keraos anggerahi ing riku emaring sarira, kumesaring panggalih mahanani wontenipun kula tuwin adi kula estri, punika kasebat “Marmati” wandene medal kula saking dada sareng ngajengaken uwating jabang bayi, punika wonten ingkang rumiyin saking marga ina dipun wastani kawah, dados adi kula ingkang sipatipun petak punika tumenten medalipun bayi saking marga ina nenggih salira panjenengan punika sasampunipun makaten lajeng kasusul medalipun ari-ari, ingkang rayi paduka ingkang rupinipun jene.
Lajeng kasundul medalipun rah, dados rayi paduka ingkang rupinipun abrit sinarenganipun mangsa pupakipun puser, dados rayi paduka ingkang rupinipun cemeng.
Kajawi ingkang kula aturaken wau yektinipun taksih wonten malih ingkang dipun wastani saderek, medal sareng sadinten, inggih punika pepataranipun panjenengan ingkang sareng lairipun, malah mboten namung manungsa kemawon, nanging senadiyan Dewa Denawa, gandrarwo sato iwen, buron wana, buron toya, buron iberan lan sanes-sanesipun punika kasebut manjing dados saderek, kula-warga panjenengan nanging menawi dipun pepetri hadanipun alus, sami purun ambau reksa panjenengan.

Wondene caritanipun memetri, sarana resikan lan ngobong dupa ratus wangi-wangi sarta langkung prayogi dipun memule. Menggah memulenipun dateng saderek ingkang mboten medal saking matgi ina, punika sarana, golong, pecel, ayam, jangan menir, ulam sate, ulam sate, ulam peksi, ulam loh, jejanganan, sekar campur, pisang agung, sedah-ayu, lisah wangi, lisah sundul langit, santen sarta juruh winadahan dados satunggal kaliyan tape, opak angin, tindihipun timah utawi nekel.
Memulenipun dateng sederek medal saking marga ina, sarana sekul golong 5 (limo) winadahan ing takir, ulam-ulaminipun, ulam seganten, ulam rawa, ulam benawi, tigan mateng kalih supit kadadosaken sawungkus katumpangaken ing takir, saben satakir katumpang sajodo, dene tindihipun timah utawi nekel, saben satakir sanekel.
Memulenipun dateng saderek ingkang medal sareng sadinten, punika liwet ketan kinepangaken kaliyan wadahipun kendil utawi ketel, kekanti sekul golong jangan menir, pecel ayam, sekul minggah (sekul megana) inggih punika ingkang kaedang wosing pantun slamet, menawi sekar cempaka, sekar kenanga, tindihipun timah (nekel) cacah jenjem.
Sadaya wau ingkang anggesang para kanca sami asanti dedonga makaten “Hong mangarcana maswaba” sang Hyang Ayu, Ayu ! Ayu ! Ayu ! Surak Ayu !!!!
Mungguh ganepe kaya ing ngisor iki :
1. Godong dadap srep kaekum winadahan ing Tuwung, ateges ambekteni dateng Ingkang Lakung Kuwaos, panyuwunan adem asrep ayom ayem tentrem sak garwa-putra, teka tawar sakehing goda pangrencana.
2. Kembang abang lan putih, pangabekti dateng Kawula sejati Gusti, panyuwunan harum awangi angambar-ambar prabawa harum sak garwa putra.
3. Bubur abang lan putih, pangabekti dateng Bapa, dene ingkang abang saking Ibu. Kaki lan Nini, Bapa Adam lan Ibu Khawa, panyuwunan berkah lan pangestu, yen Bapa lan Ibu, Kaki lan Nini, isih sugeng ya kudu dibekteni.
4. Kembang telon; Kantil, Kenanga, Mawar, ambekteni Roh alu 3 (telu) kang diarani Tri Murti, yaiku Janaloka, Indraloka, Guruloka, yen Arabe, Baital Mukadas, Baital Mukharam lan Baital Makmur.
5. Jajan Pasar warna 12, ambekteni dina 7 pasaran 5, yaiku palenggahan 7 lan pncadriya 5, yen Arabe Mekah< Medinah, menarane ana 12 dadi lambanging manungsa. Panyuwunan angreksoa ing Rina lan Wengi, kalisa ing goda rencana.
Dene yen duwe gawe, mantenan lan liya-liyane.
Setunggal (1) ambengan kang kanggo niyate duwe khajat apa………….? Setunggal (1) Mule lukhur, setunggal (1) ambeng mbekteni marang kang leluhur kang mbubak senggani Cikal Bakal desane, biasane apa, ambeng rasulan, panuwun rasa pangrasa supaya ora rubes. Bucu, uncet, panggang ayam, beras lan endog, duwit, menyan srutu, kinang, asem uyah, kembang boreh, endok ayam, ayam, gula klapa, trasi, jenang lulut, kopipaitan, juwadah wajik, pisang raja (pisang agung) pipit, bucu sundul langit ditancebi janur kuning, jenang 4 warana (ireng abang kuning putih), iki kabeh disajekake ana ing kamare kang duwe khajat lan di sumedi lampu (jlipak).
Dene ing jaba dipasangi janur kuning tegese awer-awer nyuwun slamet. Ing Longopan dipasangan gapura, tegese panyuwunan marang kang Rawuh maringana pangapura.
Dene dulur-dulurku model maju iku sok mokhal, mulane sok kepoal, tandane yen duwe gawe, sok warna-warna wae kang dadi karubedane, lan alangane warna-warna sajake ora lancar utawa ora Jawa mula pada den estokena.
Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar