Minggu, 23 Oktober 2011

SYI'IRAN KH. ABDUR ROHMAN WAHID

SYI'IRAN CIPTAANE
KH. ABDUR ROHMAN WAHID


1. Ngawiti ingsun marang syi'iran kelawan muji maring pangeran kang paring rohmad lan kenikmatan rino wengine tanpo pritungan
2. Duh bolo konco prio wanito ojo mung ngaji syari'at bloko nggor pinter dongeng nulis lan moco nembe mburine bakal sengsoro
3. Akeh kang apal qur'an haditse seren ngafirke marang liyane, kafire dewe ra digatekne yen iseh kotor ati akale
4. Gampang kabujuk nafsu angkoro ing pepaisi gebyare dunyo iri lan meri sugihe tonggo mulo atine peteng lan nisto
5. Ayo sedulur jo nglaleake wajibe ngaji sak pranatane gubleng kendelake iman tauhide bagus sangu mulyo atine
6. Kang aran sholeh bagus atine krono mapan sari ngilmune lagu thoriqot lan ma'rifate ugo hakekot manjeng rasane
7. Al Qur'an qodim wahyu minulyo tanpo tinulis biso di woco iku wejangan guru waskito den tancepake ing jeru dodo
8. Kumantel ati lan pikiran mrasuk ing badan kabeh jerohan mu'jizat rosul dadi pedoman minongko dalan manjenge iman
9. Kelawan Allah kang moho suci kudu rangkulan rino lan wengi di tirakati di riyadhoi dzikir lan suluk jo nganti lali
10. Uripe ayem rumongso aman dunungi roso tondo yen iman sabar nerimo senajan pas-pasan kabeh dinakdir sangking pengiran
11. Kelawan konco dulur lan tangoo kang podo rukun ojo lesiyo iku sunnahe rosul kang mulyo nabi Muhammad panutan kito
12. Ayo nglakuni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate senajan ashor toto dhohire ananging mulyo maqom drajate
13. Ngaupo rosto ing pungkasane ora kesasar roh lan sukmane den kadang Allah suargo manggone utuh mayete ugo ulese

Tidak ada komentar:

Posting Komentar