Rabu, 10 Agustus 2016

Kali Kening Ing Wanci Sore

Kali Kening Ing Wanci Sore

Sumilire angin
Ing gisiking Kali Kening
Ngridha jantra mubeng
Ngrabuk langite rasa

Ron-ronaning pring
Lan sesauraning manuk
Angrakit gegurit
Wuyung jiwa kang kebak rasa

Grumiciking banyu kali
Lan sumorote srengene wanci sore
Nebar esemmu kang manis
Kadya madu

Duh kali kening
Sang saya sore
Pasuryanmu
Sang saya wening



Kali Kening, 9 Agustus 2016

1 komentar: