Rabu, 10 Agustus 2016

Kali Kening Madya Ratri

Kali Kening Madya Ratri

Ing pinggiring Kali Kening
Rikala wanci ing madya ratri
Rembulan wudar
Nglegena tanpa busana

Wengi iki tan saya nglangut sepi
Kekidungan jiwa Sun racik
Ing sagelaring jagad alit
Sumebyar wangi tumuju Hyang Gusti

Ning Nang Ning Nung
Duh Sekaring Bawono Langgeng

Sun manembah raga
Manembah cipta
Manembah jiwa
Lan manembah rasa
Marang INGSUN kang sejati

Ning Nang Ning Nung
Duh Sekaring Bawono Langgeng

Manunggal tunggal
Antarane kawula lan Gusti



*Joyojuwoto, lahir di Tuban, 16 Juli 1981, Anggota Komunitas Kali Kening; Santri dan Penulis buku “Jejak  Sang Rasul” yang tinggal di www.4bangilan.blogspot.com.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar