Kamis, 18 Agustus 2016

Kali Kening Wanci Enjing

Kali Kening Wanci Enjing
Joyojuwoto*


Sumunare srengenge gumebyar
Madangi salumahing bumi
Pedut sumibyak sirna katerak
Barat ing mongso ketigo

Weninge banyu Kali Kening
mbasuh pasuryaning enjing
Klerap-klerip mili
Ambabar ganda arum lan wangi

Grumisiking pring lan alang-alang
Sinawang kadya beksaning
Dewa-dewa ing angkasa
Kang sumawur sekar ing bawana

Elining banyu kali
Ing wanci enjing
Mangambah-ambah
Angresiki reregeting diri

Kali Kening Wanci Enjing
Bening  suci
Angresepi ati
Anggawa kaendahaning negari


*Joyojuwoto, lahir di Tuban, Anggota Komunitas Kali Kening; Santri PP. ASSALAM Bangilan dan Penulis buku “Jejak  Sang Rasul” tinggal di www.4bangilan.blogspot.com.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar